POSTING

Jika ingin memberi komentar blog ini mohon kirimkan naskah/ komentar ke

Rabu, 21 April 2010

BABAD SAKA KITAB SUCI

ANA ING PIRDUS

GUSTI ALLAH ora kesupen marang ti­tahe. Tansah dipenggalih Ian dirumati. Panjenengane pirsa apa sing dadi kabutuh­ane.

Manusa kawitan jenenge Adam. Katone gelik-gelik ijen bae ana ing alam jembar kiye. Nanging Gusti Allah ora karsa, yen Adam lestari ijen bae, ora akanta ora akanti. Sih-kadarman Ian kasetyane Gusti Allah ngayomi Adam, kaya patrape bapa enggone melasi anake.

Ing tengah-tengahe bumi kang katitahake mau, Gusti Allah yasa patamanan kang asri lan nyenengake banget. Salawase durung tau ana papan, kang endahe ngungkuli kuwi. Lah iya ing kono padunungane Adam. Uripe tansah kasipatan dening Gusti Allah.

Patamanan kang asri Ian nengsemake mau jenenge Pirdus. Ana ing kono Adam ru­mangsa begja banget. Uripe ora kekurangan. Woh-wohan sing nikmat-nikmat dadi pa­ngane. Yen ngelak, arep ngombe, mung kari nyawuk banyu ing kali-kali kang ana ing pata­manan kono. Banyune bening gumrining. Sakehe kumelip pada sumuyud marang Adam. Adam ngratoni bumi kang tata tentrem Ian kerta raharja.

Nabi Adam maringi jeneng marang saka­behing kewan ing daratan Ian manuk- manuk ing awang-awang. Kabeh kewan, gede cilik, lanang wadon, pada marani Adam, sarta kabeh pada dijenengake miturut wewatekane dewe-dcwe. Sawuse iya banjur pada lunga maneh, pada lincak-lincak Ian bungah.

Nalika samono Adam banjur rumangsa yen ijen ana ing alam donja, ora ana rewange.Nanging Gusti Allah ora kesupen marang titahe. Banjur ngandika: ,Ora prayoga yen manusa iku mung ijen bae. Sunkaryakake rowing kang sembada dadi jodone kang tansah bisa dadi kantine, kang kena diajak embat-embatan.

Nuju sawijining dina, nalikane Adam turu kepati, Gusti Allah tumuli mundut igane siji. Sawuse mengkono, tilas enggon iga iku ban­jur dipulihake maneh nganggo daging. Igane Adam mau nuli diwangun dening Yehuwah Allah dadi wong wadon, sarta banjur diparak­ake menyang ngarepe Adam.

Adam bareng priksa ana wong wadon teka, penggalihe banjur rumangsa kepranan. Saiki wis ora rumangsa ijen maneh. Wis ana rowange wong wadon kang endah ing warna, ngungkuli sakehing kaendahan ing patamanan Pirdus. Wong wadon mau dadine nunggal­misah karo Adam. Lire: diaranana beda pancen iya beda, diaranana pada pancen iya pada, jalaran pancen tunggal daging, tunggal balung.

Iya kaya mengkono dumadine manusa loro kawitan mau.

Adam banjur ngrangkul ibu Chawa, ru­mangsa kasok ing katresnane. Katresnane marang ibu Chawa ngungkuli marang sakehe kaanan liyane ing patamanan Pirdus. Ing batin Adam saos sokur marang Gusti Allah, dene ora negakake titahe.

ING sakawit kaanane alam donya atut-runtut, ora ana prakara sing sulaya setitik-titika. Srengenge njunar kanti mulya, manuke ngo­tjeh klawan rena, angine midid ana ing wit­witan, kewane bebungah ing pasuketan .... kabeh muji Allah kang loman.

Kewan-kewan ing daratan pada bisa urip bebarengan klawan tentrem Ian ayem. Ora ana rasa girls Ian wedi . Ora ana rasa memungsuhan. Kewan sing cilik-cilik ora ana sing duwe rasa kuwatir yen bakal dimangsa kewan sing luwih gede. Mengkono uga kewan sing gede-gede becik banget pangrengkuhe marang sing ringkih-ringkih.

Iwak-iwak ing banyu pada lelumban, ora ana sing munasika. cekak cukupe, kaanan ing alam donya kabeh ing wektu iku katon resep sumringah nyenengake.

Bapa Adam Ian ibu Chawa uripe bisa seneng. Atut-runtut, sih-sinihan kaya mimi Ian min­tuna. Kerep pada mlaku-mlaku ndeleng sesa­wangan kang endah-endah angresepake. Nya­wang tanem-tuwuh kang pada amrok kem­bange. Ing sadalan-dalan akeh kekembangan kang nedeng-nedenge mbabar ganda wangi sumebrak.

0, iba begjane wong sakloron iku! Pasar tinitah bregas, tanpa cacad, ngungkuli sake­hing tumitah, dasar kapasrahan ngwasani titah-titah liyane. Ora tau ngalami lara, durung tau nandang susah Ian sedih. Pada wuda, nanging ora rumangsa isin. Ing atine ora tau kadunungan was-was Ian wedi. Dosa kuwi apa, iya ora ngerti. Ora tau nglakoni luput. Ora tau weruh wong laku sisip Ian uga ora tau ngrerantam kang ora-ora.

Bapa Adam Ian ibu Chawa uripe pada rumangsa seneng. Tansah kasipatan ing paningale Yehuwah. Ing wayah awan pada ora tau kebrongot ing panasing srengenge Ian ing wayah bengi pada ora tau ngalami adem. Pada ora tau nganggur, nanging kosok baline iya ora tau ngrasakake kesel, lara utawa mati.

Kewan-kewan pada sumuyud marang bapa Adam Ian ibu Chawa. Dene yen pada arep mangan, woh-wohan sing enak-enak wis pada cumawis, mung kari metik.Dasar iya pada diparengake mangan sawernaning woh­wohan ing patamanan Pirdus. Mung ana wit siji sing saklorone ora diparengake metik wohe, iya iku witing pangawruh becik lan ala. Samasa pada mangan iku, mesti bakal pada mati.

Mengkono dawuh pangandikane Pangeran. Adam Ian Chawa kudu mituhu marang dawuh iku. Lan iya wis dadi kasenengane samasa pada nglakoni dawuh mau.

Dene samasa ana angin midid, Adam Ian Chawa pada katempuh ing siliring samirana, ing kono pada ngerti, yen Gusti Allah ngra­wuhi. Gusti Allah karsa mangandikani, karsa mulang wuruk. Sakarone banjur pada ru­mangsa yen cedak karo Gusti Allah, tetunggil­an karo Yehuwah Allahe. Sakehing angen­angen banjur sirna sarta banjur tuwuh lenging ati sawiji enggone bakal mung tansah nilingake sabda pangandikane Pangeran. Lah iya ing kono dununging karahajone manusa.

Ganti kang kacrita ing duwur mau, ora suwe banjur ana lelakon sing nggegirisi. Jebul ana swara kang ngrangin memanisan keprungu dening ibu Chawa. Ibu Chawa nggoleki prenahing swara mau, nuli weruh ana ula ndepipis ing epanging wit kang dadi larangan mau, yaiku witing pangawruh ala Ian becik. Ula matur marang ibu Chawa.

Ibu Chawa ora wedi ula, jalaran ora ngerti wedi kuwi kepriye. Lan uga ora gumun, dene ana ula teka bisa tata jalma. Lah wong satemene kaanan ing alam donya iki kabeh sarwa nggumunake, temahan ibu Chawa ban­jur ngrungokake.

Ula tumuli matur marang ibu Chawa: ,,Punapa yektos wonten dawuhipun Allah dateng sampeyan, sampun ngantos sami neda wohipun sadengah wit-witan ing patamanan punika?"

Ibu Chawa banjur ngingetake si ula. Atine lamba, suwung, ora duwe rasa kepriye-kepriye. Lah wong iya durung ngerti dosa. Banjur mangsuli : ,Ah ora mengkono! Wohe wit witan ing patamanan iki pada oleh bae dakpangan, kejaba mung wohe wit kang ana ing satengahe patamanan; bab iku ana da­wuhe Allah mengkene: aja sira pangan. Malah aja nganti sira gepok, supaja sira aja nganti mati."

Ula banjur mapan, Ature luwih manis Ian luwih julig mengkene: ,Ah, punika boten leres. Boten-botenipun yen sampeyan ngantosa pejah. Mangke kula aturi priksa ing saleresi­pun. Makaten sapriki ingkang sampejan sumerepi saweg ingkang sae kemawon. Na­nging samasa sampeyan melik wohing wit punika sarta neda, sampeyan ugi bade saged sumerep ingkang awon. Temahan sampejan bade dados kados Gusti Allah."

Chawa tumuli tumenga, nyawang wohing wit kang dadi waleran mau. Katone seger sumringah, menginake, seprana-seprene du­rung tau ngranggeh woh iku. Malah nggagas bae durung tau.

Nanging saiki kepeksa nggagas. Sapa sing ora kepengin dadi kaja Gusti Allah? Wicak­sana, maha wikan. Wis mesti woh iku bakal minterake aku, madani kapinterane Allah Ian ora bakal mati, miturut kandane ula mau.

Chawa bandjur ngrangg6h woh mau. E.nggal­enggal kapelik bandjur .... dipangan.

0, sanalika Chawa bandjur ngalami sing durung tau dialami. Rasaning atine saiki beda banget katimbang bijen. Rumasa was-was kumelap. Apa ja iki sing djenenge piala, sing tansah nggeges atine? Ah, rasane saiki teka aneh temen, sumpek temen, girls temen.

Sadjrone girise, ibu Chawa kelingan bapa Adam. Lah gek ana ngendi? Teka kamitegan temen ninggal djodone kang lagi nandang pepeteng mengkene. Apa kirane Adam saiki beda karo deweke? Luwih betjik katimbang deweke? Tjikben melu mangan wohe, melu ngerti lan ngrasakake piala king wis dialami, supaja bisa dadi sidji maneh, tunggal panga­laman, tunggal kaprihatinan. Chawa ora kuwat nandang prihatin idjen. Butuh golek rewang.

Chawa banjur marani bapa Adam, disaosi wohing wit mau sarta iya banjur dahar.! Dene si ula, sawise namakake paekan Ian kajuligane sing nggegirisi iku, banjur enggal­-enggal lunga. Temenan, panggawene ula, kadursilane ibiis pancen nggegirisi.

Bapa Adam Ian ibu Chawa ana sangisoring wit pada pandeng-pandengan. Polatane katon pendirangan, atine goreh, rumasa kekes, beda banget karo dek biyen. Banjur pada gegan­cangan lunga kanti nandang kawirangan, jalaran enggone pada wuda. Saiki lagi pada ngerti kaanane ing sanyatane. Banjur pada nyembeti epang Ian gegodongan, dienam-enam kanggo njaweti kawudane, nuli nerusake lakune.

Lakune sakloron pada gegancangan, jalar­an saka kaget lan girise. Ing pataman Pirdus kaanane padarlg. Kanggone wong sing mentas nglakoni piala ora hetjik jen ana ing kono terus. Mulane banjur pada gegancangan marani papan kang rungkud-rungkud Ian peteng. Ana ing kono bisa umpetan. Pancen piala iku pantese ana ing petengan.

Ana ing papan rungkud bapa Adam Ian garwane banjur pada umpetan. Karepe pada arep tulung-tinulung, nanging ora bisa. Arep pada lipur-linipur, nanging kepriye bisane kelakon, jer karo-karone lagi pada nandang pepeteng.

Adam Ian Chawa ing batin pada sengit marang si ula. Saiki pada ngerti kepriye rasane wong samasa ing batin ngendem se­ngit ngangah-angah. Saiki pada ngerti yen ing jagad ana rohing kadursilan kang ora kasat mripat, kang bisa manjalma ing ula lan nggoda manusa supaya nglakoni dosa. Ing batin pada rumasa yen pambalilane marang Pangeran mau dadi pedut lelimengan kang misahake karo-karone klawan Gusti Allah.

Ora suwe Gusti Allah rawuh ingiring siliring samirana. Adam Ian Chawa krasa Ian ngerti, temah pada banget girise. Tumuli pada krungu swarane Pangeran nguwuh mengkene: „Adam! Sira ana ngendi?" Ah, gek kepriye olehe pada ngaturi wangsulan? Klawan swara kang pedot-pedot banjur pada munjuk: ,, Duh Yehuwah, sareng kawula mireng pangandika Tuwan wonten ing pata­manan, kawula temah ajrih, amargi wuda. Pramila lajeng umpetan."

Gusti Allah ndangu maneh: ,Sapa kang aweh weruh marang sira, yen sira iku wuda? Apa sira mangan wohing wit kang Sunwale­rake marang sira supaya aja sira pangan?"

0, Adam rumasa girls banget. Niyate arep nyingkiri pagirise pangadilan. Rumasa ora kuwagang nyangga. Banjur munjuk: ,, uh Gusti, punika sanes lepat kawula. Inggih tiyang estri peparing Tuwan dados rencang kawula, punika ingkang nyukani wohipun wit wau dateng kawula, sarta inggih lajeng kawula teda."

Krungu unjuke Adam mengkono mau, Chawa sakal njingkat. Awake sakojur gumeter. Apa iya bakal kelakon kejibah nyangga dosa kang abot iku? Chawa banjur munjuk klawan ngrerepa: ,Duh Gusti, punika sanes lepat kawula. Punika lepatipun sawer, dene teka ngapusi kawula, temah kawula lajeng neda wohipun wit wau."

Gusti Allah ndukani si ula, dawuhe: ,Sareh­ne sira nglakoni kang mengkono iku, mulane sira kena ing Iaknat ana ing antarane sakehing kewan. Lakunira bakal nlosor, nlapak we­tengira Ian lebu kang dadi pakanira sajegira urip."

Gusti Allah priksa kaanane ula sing sateme­ne. Adam Ian Chawa ora ngerti, yen ula iku satemene setan . Setan olehe nggoda Adam Ian Chawa supaya tumiba ing dosa minda­minda ula.


Nanging Gusti Allah ora pangling marang setan. Mulane iya banjur duka sarta ndawah­ake bebendu marang setan mengkene: „Ingsun bakal ndadekake sesatron ing antarane sira Ian wong wadon iki. Turun-turune wong wadon iki bakal sengit marang sira. Sakehing wong sing lair ana ing alam donya bakal pada sengit marang sira, awit sira wus ngedohake wong-wong mau saka Ingsun sarta sira gawe sangsarane. Kabeh wong bakal pada memung­suhan klawan sira. Kosok baline sira bakal ora kendat-kendat ngapusi wong-wong iku, iya kaya enggonira wis ngapusi Chawa klawan tetembungan kang lala-wora."

Ewasamono Gusti Allah ora ngemungake ndukani bae, nanging uga gede palimirrna lan kawelasane . Saiki manusa wus petal karo Gusti Allah. Awit Gusti Allah iku suci, Ian kang suci mesti ora bisa campur karo manusa, dosa iki, nanging bakal ana wektune, ing antarane manusa dosa, Gusti bakal nglairake wong sidji sing kwasa ngalahake setan sawadyaba­lane kabeh. Iku kang bakal ngruwat dosane manusa lan ngwawuhake manusa karo Allahe.

Wong siji iku, ora liya Gusti Yesus, Putrane Allah Pribadi.

Saiba setan enggone sengit marang Gusti Yesus. Ora leren-leren setan enggone bakal nggoda Gusti Yesus, nanging mesti bakal tanpa gawe . Gusti besuk bakal diloropake nganti tumekaning seda kasalib, nanging wekasane setan mesti bakal dikalahake babar­pisan.

Pangandikane Gusti Allah marang setan mau mung setitik banget. Adam Ian Chawa olehe pada ngrungokake klawan getering ati, mulane ora pati ngerti. Mung setitik sing dingerteni, Ian iya ora bakal lali, yaiku yen bakal ana Juru Slamet rawuh ing jagad. Iya Juru Slamet iku king bakal nyirnakake was-was sumelanging atine, sarta bakal ngre­but deweke saka pamisesane piala. 0, iba begjane samasa iku mau kabeh kelakon.

Wusana ing batin Adam Ian Chawa ngarep­arep banget •klawan cecengklungen marang bakal rawuhe Sang Juru Pangentas iku. Nganti saprene para manusa ing donya iki uga ngarep-arep banget marang anane Sang Juru Slamet mau, supaya bisa kawanuhake, katunggalake maneh karo Gusti Allah.

Gusti Allah ngandika. Pangandikane isi bebendu marang setan. Nanging pangandika mau uga ngemot sih palimirrna Ian kawelasan marang manusa.

EWASAMONO Adam Ian Chawa kepeksa pisah karo Gusti Allah. Marga saka anane dosa, ing antarane Gusti Allah Ian manusa kaja-kaja banjur ana pedut lelimengan. Gusti Allah ndawahake paukuman marang kaluputane manusa.

Adam Ian Chawa tumuli katundung saka ing patamanan Pirdus sarta kadawuhan lunga sing adoh. Dene patamanan Pirdus ing samengko dijaga dening malaekat kang ngasta pedang ligan kang murub. Adam Ian Chawa ora bakal bisa bali mrono maneh, nanging uripe klam­brangan menjang endi-endi; bakal pada nandang sangsara Ian kena ing lelara. Enggone golek pangan bakal klawan nyambutgawe ketekuk kringkel adus kringet, mangka bumi bakal ngetokake bebondotan marga wis kena ing laknat, kena ing sabdaning Pangeran. Dene entek-entekane uripe manusa bakale ... pati. Iku mau kabeh wohe pamurangsarake Adam Ian Chawa. Dumadine saka lebu, mulane ija bakal bali maneh dadi lebu.

0, saupama Adam Ian Chawa tetep pa­manggone ana ing patamanan Pirdus, uripe mesti lestari seneng, awet enom, panggah kakuwatane, jalaran isih diparengake ma­ngan wohing wit panguripan.

Nanging saiki kepeksa ngalami kesel, Ian yen wis tuwa, banjur .... mati. Salahe dewe, dene pada ora mituhu ing dawuhe Pangeran. Uripe Adam Ian Chawa saiki klambrangan menjang endi-endi, ana ing pasamunan, gelik­-gelik wong loro. Sok-sok krungu ana sumiyu­ting prahara gede, niyup ing wit-witan, swarane gumrubug nggegirisi. Sasirepe prahara ter­kadang iya sok ana isising angin kang sumri­wing nyegerake awak. Adam Ian Chawa kelingan sing uwis-uwis, banjur pada ni­lingake bokmenawa Gusti Allah karsa mangandikani maneh metu ing siliring sami­rana. Nanging ora krungu swara apa-apa.

Terkadang sok kaget krungu swaraning bledeg ngampar-ampar, kilat lan tatit pada gating cleret, pating glebjar. Ketambahan ing wayah awan soroting srengenge panas kumetep, sarta ing wayah bengi hawane kekes Ian atis. Adam Ian Chawa pada golek pandelikan ana ing guwa-guwa, ing jero lemah. Sing marakake saya kekes Ian atis kuwi, dene sakehing was-sumelanging atine kang marga saka dosane ora bisa ilang, nanging terus ana bae.

Yen atine pinuju bebeg kaya mengkono iku, Adam Ian Chawa ija banjur nggraita meng­kene: „O, kapan ya, bisaku pada tetunggilan maneh karo Gusti Allah." Adam Ian Chawa nganti-anti klawan cecengklungen marang dinane bakal rawuhe Sang Mesih kang kwasa ngilangi sakehing was-sumelanging atine mau. Iya pangarep-arep marang rawuhe Sang Djuru Slamet iku kang bisa mbungahake lan ngayemake Adam Ian Chawa sajroning pada nandang pagirising dosa mau. Mangka Allah iku setya tuhu. Ija bener si dosa wis kelakon bisa misahake Adam Ian Chawa saka kasucene Allah, nanging dosa ora bisa metalake manusa saka sih-piwelase Gusti Allah.

KANDANE wong, tanah Eden, panggonane patamanan Pirdus, iku prenahe ana ing tanah Asia, kaapit-apit ing kali loro, yaiku bengawan Tigris Ian Efrat. Temenane embuh, ora ana wong sing weruh. Patamanan mau saiki wis ora ana ing bumi. Mengkono uga sakehing kanikmatan Ian kaendahane uga wis ora ana.

Kanikmatan Ian kamulyan ing Pirdus saiki mung ana ing swarga bae. Malah ana ing swarga kabeh iku sarwa linuwih. Pitembung­ane manusa ora nyukupi kanggo nggambara­ke kaendahan Ian kamulyan ing swarga. Marga kaanan ing swarga iku langgeng.

Selasa, 20 April 2010

BABAD SAKA KITAB SUCI

TUMITAHING ALAM DONYA

Wayah raina ing jero sentong terkadang katon sumrowong padang. Yen daktamatake te¬menan banjur katon ana ble¬dug cilik-cilik uleng-ulengan pating karelip pirang-pirang.
Aku kabeh pada manggon ana ing bumi. Bumi iki gede banget. Nanging ana ing alam gumelar iki, Iintang-lintang, srengenge, rem¬bulan Ian bumi kaanane cilik banget. Pada kaya bledug ing sentong mau. Kabeh pada uleng-ulengan, mubeng manut dalane dewe-dewe. Yen mengkono iba cilike awakku iki! Gede bleduge karo wong. Dudu amput-¬ampute manusa yen kabanding karo bumi, langit saisine.
Mangka ana Siji kang adedampar ing ngaluhur, yaiku Gusti Allah. Panjenengane ing nguni ana, saiki ana, Ian bakal tetep anane ing salawas-lawase. Gusti Allah kang nitahake bumi-langit saisine kabeh. Mulane samubarang dadi kagungane. Enggone nitah¬ake tanpa bebakal. Yen mengkono iba gedene kamulyane; Pangeran! Kaluhurane tanpa tan¬ding!
ING kala purwa Gusti Allah nitahake langit Ian bumi. Kelakone iku saprene wis suwe banget, embuh pirang ewu taun. Lan duma¬dine jagad iki ora dadakan. Ora teka ban¬jur sakal ana bumi sawonge. Ora sanalika ana kewan sarupaning kewan. Ora ujug¬ujug ana kekembangan Ian tetukulan kang edi-peni ngresepake. Nanging Gusti Allah enggone nyabdakake alam gumelar kang endah iki klawan sumene.
Disike kaanane alam donya iki isih wor-suh, peteng lelimengan. Wujude mung banyu lan Iemah uled-uledan. Sarta Rohe Allah njang¬kung iku mau kabeh. Gusti Allah priksa tibaning titimangsa. Ora kesamaran bab apa kang bakal katindakake.
Tumuli ana sabdane Pangeran mengkene: „Anaa pepadang!" Lan ija ana padang. Kang maune peteng lelimengan, saiki banjur katon padang sumeblak, Iku pancen nggumunake. Sakarsane Gusti Allah mesti dadi. Gusti Allah karenan mriksa padang mau sarta dianggep prayoga. Karsane, ing alam donya, padang lan peteng mau supaya tansah bisaa gilir-gumanti. Sing padang diarani raina lan sing peteng: wengi. Mengkono wis dadi sore Ian wis dadi esuk,
dina kang kapisan.
Sawise iku Gusti Allah banjur nitahake pente’nganing langit. Kelakon uwabing banyu kang uled-uledan ana ngisor, tumuli mumbul angenguwung ngebeki langit. Uwab bakale bisa dadi mega, mega dadi mendung, mendung dadi udan. Dadine ceta yen saiki ana banyu ing duwur Ian ana banju ing ngisor.
Gusti Allah mestani pente’ngan mau: langit. Mengkono wis dadi sore Ian wis dadi esuk, dina kang kapindo.
Gusti Allah banjur ngandika: „Banyu kang ana sangisore langit pada nglumpuka ing panggonan sidji, supaja katona kang asat." Mangka ija banjur kelakon mengkono. Kaya-kaya sakehing banyu banjur larud nglumpuk dadi sapanggonan, diapit-apit ing daratan. Kaya mengkono wiwitane ana segara kang mumpal-mumpal kekeburan nggegirisi, pisah karo daratan.
Dene ing daratan sing lagi bae pada mencu¬ngul mau, banjur katon ana kekayon sing gede-gede; mawarna-warna tetukulan kang lagi amrok kembange; akeh kekembangan kang mbabar ganda arum Ian sarupaning sesuketan kang pada tukul. Kabeh mujudake sesawangan kang edi-peni sarta ngresepake. Mengkono Gusti Allah ningali kabeh mau sarta tinemu proyoga. Wusana banjur dadi sore lan dadi esuk, dina kang kaping telu.
Kejaba iku Gusti Allah uga nitahake srengenge, rembulan Ian lintang-lintang. Pe¬padang sumeblak kang maune durung ana gatrane apa-apa, kaya-kaya banjur nglumpuk, nggeleng maujud kaya bal kang putih menco¬rong. Yaiku sing pada dakarani srengenge, kang ngwasani raina, nggawa panas Ian padang sarta nguripi sakehing dumadi.
Dene sing ngwasani wayah bengi iku rem¬bulan. Ing wayah bengi, kabeh pada turu, ora ana sabawa kumlisik. Mung rembulan sing isih melek, njaga kaslametan Ian katentre¬maning jagad raya.
Kejaba rembulan, ing wayah bengi, ing langit uga katon lintang-Iintang sing maewu¬ewu kehe, pating karelip, pating glebyar, pinda sesotya adi, rinakit ing bludru ireng. Gusti Allah ningali iku mau kabeh yen wus prayoga.
Sabanjure ing alam donya ana rina Ian wengi gilir-gumanti, lan uga ana gumantining dina Ian sasi, sasi dadi taun, taun dadi windu, miturut pepetungan kang mesti. Mengkono wis dadi sore lan wis dadi esuk, dina kang kaping papat.
Gusti Allah banjur ngandika: ,Anaa iwak ing banyu Ian manuk ing awang-awang. ,Iya tumuli kelakon kaya mengkono. Tanpa wila¬ngan kehe iwak gede cilik ing segara Ian ing kali-kali. Kabeh pada seneng-seneng Ielum¬ban; pada pating kliwer, pating kecopek, pating kecuwuk.
Ing wit-witan sarta ing pasuketan akeh manuk sawernaning manuk. Sedela lincak¬-lincak ing pasuketan, sedela maneh pada akekablak, ngigel, muluk ndedel ing ngawiyat kambi ngumbar swara pating caruwet, kaya-¬kaya ngulukake swara pangidung sumaos marang Kang Murbeng Urip.
Gusti Allah ningali kabeh iku jen wus prayoga. Sakabehing tumitah gede cilik ban¬jur pada diberkahi. Burni kang loh-jinawi diparingake, supaya pada dienggoni. Mengkono wis dadi sore Ian wis dadi esuk, dina kang kaping lima.
Sawuse iku Gusti Allah banjur nitahake kewan ingon-ingon, kewan umbaran, kewan rumangkang lan kewan gumremet. Ing bumi kang anyar iku, ing saenggon-enggon, ing jurang-jurang, ing gunung-gunung, ing sa¬cedaking segara,Ian ing ara-ara samun, akeh kewan kang pada pating bilulung. Bumi oreg samasa sinasak ing kewan kang gede¬gede, sarta bangsaning wangwung, katimumul Ian sapanunggalane pada nggremet mrambat ing pasuketan.
Lah saiki sarnubarang wis rampung. Mung siji sing durung ana. Sapa sing bakal ngereh Ian mranata sakabehing kaanan sing edi-peni mau? Sapa sing bakal ngatur kabeh kang kumelip mau?
Gusti Allah bandjur ngandika:,,Mara Ingsun akarya manusa kang tinulad ing citraningsun Ian ing pasemoningsun."
Lah iya manusa kuwi pada-pada titah kang mulya dewe. Lakune bakal ndengengek dje¬djeg. Pada-pada titah ora ana sing bisa mapaki bregase.
Gusti Allah banjur mundut lebune bumi, didapur kaya manusa, sarta elenging irunge disebuli ambekaning urip. Sanalika iya kelakon dadi manusa urip, kang kapanduman ing Rohe Allah.
Dadine Gusti Allah enggone nitahake ma¬nusa kadadean saka lebu lan roh. Kawadagane nelakake yen dumadine manusa saka bumi, Ian kaalusane tansah ngelingake marang Gusti Allah.
Kewan uripe kebawah ing bumi jalaran mung tumitah nganggo badan wadag. Gusti Allah mberkahi manusa sarta masra¬hake bumi kang edi-peni iki marang manusa.
Gusti Allah ningali sakehing yeyasane, mang¬ka iya wus tinemu prayoga banget. Lah wis dadi sore Ian ija wis dadi esuk, dino kang kaping nem.
Ing dina kang kapitune Gusti Allah kendel enggone karya samubarang kabeh. Dina iku banjur diberkahi Ian disucekake. Ing sabanjure dina kapitu, iku dina palere¬man kanggo salumahing bumi. Dina iku sinengker mligi kagem Gusti Allah.
Bumi kang pada dak enggoni iki gede banget. Luwih dening gede maneh, iya iku alam gumelar iki saisine. Yen mengkono iba cilike manusa kang manggon ana ing bumi iki.
Aku kowe, manusa kabeh kerep pada mikir-¬mikir bab yeyasane Gusti Allah kang elok Ian nggumunake iku. Keplasing pikiranku sok adoh banget Ian nglangut, nanging meksa ora keconggah, ora tekan, ora gaduk.
Mulane bisaku ora liya maneh, kejaba mung sumungkem ngalembana marang pangwasane Ian kawicaksanane Pangeran. Wajibku mung nyawang klawan kasengsem marang yeyasaning Pangeran Ian .... saos sokur.

Senin, 19 April 2010

MENYAMPAIKAN RENUNGAN

BAGAIMANA MENYAMPAIKAN RENUNGAN
MARI BELAJAR BERSAMA MENYAMPAIKAN FIRMAN TUHAN

Secara singkat untuk menyampaikan renungan yang menyampaikan isi dari alkitab memang memerlukan persiapan baik secara rohani maupun mental . Banyak warga jemaat ketika disuruh untuk menyampaikan firman melalui renungan / ceramah ogah-ogahan dengan berbagai alasan. Berkaitan dengan hal ini maka kami dapat memberikan solusi untuk membuat renungan yang berdasarkan kajian dan pengamatan yang tersusun sebagai berikut :

1. APPERSEPSI
Membuka, membaca firman, memotivasi, memberi semangat, dan membuat rasa ingin tahu
2. ILUSTRASI
Merupakan uraian contoh, pengalaman, kesaksian dari kehidupan yang berkaitan dengan thema / atau pesan yang ingin disampaikan
3. KORELASI
Uraian yang merupakan korelasi ilustrasi yang dikaitkan dengan firman yang menjadi pokok thema renungan yang disampaikan
4. REFLEKSI
Merupakan kesimpulan atau pokok-pokok pesan yang disampaikan yang berlandaskan pada firman Tuhan untuk dapat dilakukan dalam kehidupan sehari-hari baik sikap atau perilaku kepada lingkungan, sesama, dan Tuhan

KEHENDAK TUHAN VS KEHENDAK DIRI

KEHENDAK TUHAN VS KEHENDAK DIRI

Stephany (Bukan nama asli) seorang mahasiswi yang sedang pacaran dengan John (Bukan nama asli). Mereka berdua mentaati panggilan Tuhan untuk melayani sepenuh waktu. Suatu hari, terjadi pertengkaran di antara mereka dan sama-sama bertahan pada kebenaran masing¬masing. Stephany bertanya-tanya soal kehendak Tuhan, lalu berdoa: "Ya Tuhan, saya tidak tahu apakah John adalah calon suamiku yang sesuai dengan kehendak-Mu. Jika kehendak-Mu, biarlah sore ini dia datang meminta rnaaf kepadaku. Jika dia tidak datang, maka aku tahu itu bukan kehendak-Mu. Amin." Temyata benar, sore harinya John datang meminta maaf kepada Stephany dan akhirnya memang mereka berhasil memasuki pernikahan. Tetapi benarkah kehendak Tuhan ditentukan dengan " Jawaban doa " seperti yang dilakukan Stephany?
Berikut ini kesaksian yang hampir sama. James (Bukan nama asli), seorang guru Sekolah Minggu yang setia sedang pacaran dengan Rose (Bukan nama asli), seorang aktifis Kornisi Pemuda yang tinggal di kota lain. Mereka pacaran lewat surat. Terjadilah, perbedaan pendapat dan Rose tidak membalas surat James. Setelah menunggu cukup lama, akhirnya James berdoa: "Ya Tuhan, saya tidak tahu apakah Rose adalah calon istriku yang sesuai dengan kehendak-Mu. Berilah saya tanda Tuhan. Jika kehendak-Mu, biarlah hari ini sebelum jam 12 suratnya datang. Jika tidak, itu tandanya bukan kehendak-Mu. Arnin." Ternyata benar, siang hari, sebelum jam 12 surat Rose datang. Namun pacaran mereka akhirnya putus di tengah jalan dan masing-masing mereka menikah dengan orang lain.
Saudara, dua contoh yang mirip menunjukkan kepada kita bahwa kehendak Tuhan tidaklah ditentukan oleh `tanda ' yang kita ciptakan sesuai dengan kehendak diri kita, walaupun kadangkala Tuhan berbelas kasihan memberikan 'jawaban doa ' yang pas dengan kemauan kita. Kehendak Tuhan tidak bergantung kepada pengalaman kita, situasi kondisi kita, perasaan kita, ataupun "Sesuatu " kita yang kelihatannya pas dengan kehendak kita.
Untuk mengetahui kehendak Tuhan dengan jelas dan benar kita harus kembali kepada Firman Tuhan yang adalah merupakan isi hati Allah yang dituangkan ke dalam bahasa manusia melalui inspirasi kepada para hamba-Nya. "Segala tulisan (Alkitab) adaluh inspirasi (Nafas) Allah yang bermanfaat untuk mengajar, untuk menyatakan kesalahan, untuk memperbaiki kelakuan, dan untuk mendidik orang dalam kebenaran. " (II Timotius 3:16).
Dengan demikian Alkitab menjadi satu-satunya ukuran/standar untuk mencari dan menemukan kehendak Allah bagi setiap aspek kehidupan manusia. Dengan kata lain jika Saudara hidup dalam "Kerangka " (Framework) Firman Allah, Saudara telah hidup sesuai dengan kehendak Allah. Masih bingung dalarn mengenal kehendak Allah? Bukalah Alkitabmu dan mulailah membaca dan mencarinya, maka engkau akan menemukan kehendak¬Nya. Jangan bermain-main dengan menciptakan "Kehendak diri" atau meminta "Tanda-tanda " buatan sendiri, karena Alkitab sudah cukup dan masih tetap relevan hingga masa kini.

Selasa, 30 Maret 2010

KISAH KELUARNYA BANGSA ISRAEL DARI MESIR KE KANAAN 4

Selama berada di padang gurun, yaitu di dalam perjalanan hidup manusia, kita dapat melihat dua kelompok orang Kristen. Bagian yang terbesar adalah orang Kristen yang suka mengeluh, suka marah kepada Tuhan, cepat menyerah dan menyakiti hati Tuhan dengan menyembah Allah lain (Kel 32:1-5), mereka ini tidak masuk ke tanah perjanjian. “Aku mau, supaya kamu mengetahui, saudara-saudara, bahwa nenek moyang kita semua berada di bawah perlindungan awan dan bahwa mereka semua telah melintasi laut. … Tetapi sungguhpun demikian Allah tidak berkenan kepada bagian yang terbesar dari mereka, karena mereka ditewaskan di padang gurun. Semuanya ini telah terjadi sebagai contoh bagi kita untuk memperingatkan kita, supaya jangan kita menginginkan hal-hal yang jahat seperti yang telah mereka perbuat, dan supaya jangan kita menjadi penyembah2 berhala, sama seperti beberapa orang dari mereka, seperti ada tertulis: “Maka duduklah bangsa itu untuk makan dan minum; kemudian bangunlah mereka dan bersukaria.” Janganlah kita melakukan percabulan, seperti yang dilakukan oleh beberapa orang dari mereka, sehingga pada satu hari telah tewas dua puluh tiga ribu orang. Dan janganlah kita mencobai Tuhan, seperti yang dilakukan oleh beberapa orang dari mereka, sehingga mereka mati dipagut ular. Dan janganlah bersungut-sungut, seperti yang dilakukan oleh beberapa orang dari mereka, sehingga mereka dibinasakan oleh malaikat maut. Semuanya ini telah menimpa mereka sebagai contoh dan dituliskan untuk menjadi peringatan bagi kita yang hidup pada waktu, dimana zaman akhir telah tiba.” (1 Korintus 10:1, 5-11). Oleh karena itu, jika hari ini kita sudah mendengarkan perintah Tuhan, jangan keraskan hati kita sehingga kita tidak dapat masuk ke Tanah Perjanjian yang adalah lambing dari Sorga itu. “Karena kita beroleh bagian di dalam Kristus, asal saja kita teguh berpegang sampai kepada akhirnya pada keyakinan iman kita yang semula. Tetapi apabila pernah dikatakan: “Pada hari ini, jika kamu mendengar suaraNya, janganlah keraskan hatimu seperti dalam kegeraman”, siapakah mereka yang membangkitkan amarah Allah, sekalipun mereka mendengar suaraNya? Bukankah mereka semua yang keluar dari Mesir di bawah pimpinan Musa? Dan siapakah yang Ia murkai empat puluh tahun lamanya? Bukankah mereka yang berbuat dosa dan yang mayatnya bergelimpangan di padang gurun? Dan siapakah yang telah Ia sumpahi, bahwa mereka takkan masuk ke tempat perhentianNya? Bukankah mereka yang tidak taat? Demikianlah kita lihat, bahwa mereka tidak dapat masuk oleh karena ketidakpercayaan mereka.” (Ibrani 3:14-19).

MUSA
Musa adalah gambaran dari Yesus. Sebagaimana Musa melepaskan orang-orang Israel dari perbudakan di Mesir, dan membawa mereka ke Kanaan, demikian juga halnya dengan Yesus, yang melepaskan orang berdosa dari perbudakan dunia dan membawa mereka ke kerajaanNya yang terang. “…kasih karunia menyertai kamu dan damai sejahtera dari Allah, Bapa kita, dan dari Tuhan Yesus Kristus, yang telah menyerahkan diriNya Karena dosa-dosa kita, untuk melepaskan kita dari dunia jahat yang sekarang ini, menurut kehendah Allah dan Bapa kita.” (Gal 1:3-4) “Ia telah melepaskan kita dari kuasa kegelapan dan memindahkan kita ke dalam kerajaan AnakNya yang kekasih; di dalam Dia kita memiliki penebusan kita, yaitu pengampunan dosa.” (Kol 1:13-14) “…dan dari Yesus Kristus, saksi yang setia, yang pertama bangkit dari antara orang mati dan yang berkuasa atas raja-raja bumi ini. Bagi Dia, yang mengasihi kita dan yang telah melepaskan kita dari dosa kita oleh darahNya.’ (Wahyu 1:5) Paulus pernah berkata, “Aku, manusia celaka! Siapakah yang akan melepaskan aku dari tubuh maut ini? Syukur kepada Allah! Oleh Yesus Kristus, Tuhan kita.” (Roma 7:24-25).
Pelajaran typology Musa dan Kristus yang lengkap dapat dilihat pada pelajaran Khusus Manna Sorgawi Edisi Februari 2001. Di sini hanya dibahas beberapa gambaran saja.
1. Akan dibunuh ketika masih bayi. Musa: “Lalu Firaun memberi perintah kepada seluruh rakyatnya: “Lemparkanlah segala anak laki-laki yang lahir bagi orang Ibrani ke dalam sungai Nil …” (Keluaran 1:22). Yesus: “Lalu ia menyuruh membunuh semua anak di Betlehem dan sekitarnya, yaitu anak-anak yang berumur dua tahun ke bawah, …” (Matius 2:16b).
2. Melepaskan haknya sebagai anak raja. Musa: “Karena iman maka Musa, setelah dewasa, menolak disebut anak puteri Firaun.” (Ibrani 11:24). Yesus: “…Kristus Yesus, yang walaupun dalam rupa Allah, tidak menganggap kesetaraan dengan Allah itu sebagai milik yang harus dipertahankan, …” (Filipi 2:5-7).
3. Berpuasa selama 40 hari. Musa: “Dan Musa ada di sana bersama-sama dengan TUHAN 40 hari 40 malam lamanya, tidak makan roti dan tidak minum air.” (Keluaran 34:28a). Yesus: “Dan setelah berpuasa 40 hari dan 40 malam, akhirnya laparlah Yesus.” (Matius 4:2).
4. Menderita bagi saudara-saudaranya. Musa: “…karena ia lebih suka menderita sengsara dengan umat Allah …” (Ibrani 11:25). Yesus: “…, bahwa Yesus akan mati untuk bangsa itu, dan bukan untuk bangsa itu saja, tetapi juga untuk mengumpulkan dan mempersatukan anak-anak Allah yang tercerai-berai.” (Yohanes 11:51-52).
5. Pengantara antara Allah dan manusia. Musa: “Dan TUHAN memberikan kepada Musa, setelah Ia selesai berbicara dengan di di gunung Sinai, kedua loh hokum Allah, loh batu, yang ditulisi oleh jari Allah.” (Keluaran 31:18). Yesus: “Karena Allah itu esa dan esa pula Dia yang menjadi pengantara antara Allah dan manusia, yaitu manusia Kristus Yesus.” (1 Timotius 2:5). --- (selesai)

KISAH KELUARNYA BANGSA ISRAEL DARI MESIR KE KANAAN 3

Pada akhirnya, setelah Tuhan medatangkan sepuluh tulah kepada bangsa Mesir, barulah Firaun mau melepaskan bangsa Israel. Pada saat Tuhan ingin membunuh semua anak sulung orang mesir dan hewan-hewan, bangsa Israel diharuskan mengadakan perayaan Paskah. Darah domba yang mereka sembelih harus dibubuhkan pada kedua tiang pintu dan ambang atas, dan ketika Tuhan melihat darah ini, Ia tidak akan membunuh anak sulung orang Israel. Kisah ini menubuatkan tentang penebusan orang berdosa dengan pengorbanan Yesus di kayu salib karena Yesus disebut juga sebagai Domba Paskah kita. “Sebab anak domba Paskah kita juga telah disembelih, yaitu Kristus.” (1 Korintus 5:7b). jadi sebagaimana orang-orang Israel diselamatkan dari kematian dan dibawa keluar mesir dengan mengorbankan anak domba, demikian juga orang2 berdosa diselamatkan dari kematian kekal dan dibawa keluar dari ikatan dosa dengan korban darah Yesus. “Karena itu jagalah dirimu dan jagalah seluruh kawanan, karena kamulah yang ditetapkan Roh Kudus menjadi penilik untuk menggembalakan jemaat Allah yang diperolehNya dengan darah AnakNya sendiri.” (Kisah Para Rasul 20:28).

Dipisahkan
Rencana penyelamatan Allah tidak berhenti hanya sampai pembebasan bangsa Israel dari perbudakan Mesir, tetapi rencana penyelamatan itu terus berlanjut dengan memisahkan bangsa Israel sebagain bangsa milik Tuhan hingga mereka masuk ke tanah Kanaan (Imamat 20:24, 26). Pemisahan bangsa Israel berbicara soal pengudusan kehidupan kita. Beberapa peristiwa yang menarik untuk disimak di dalam proses pemisahan bangsa Israel yang dapat dijadikan bahan introspeksi bagi kehidupan rohani kita adalah:
• Bangsa Israel dituntun oleh tiang api dan tiang awan (Kel 13:21-22) yang menggambarkan tuntunan Roh Kudus bagi setiap orang percaya. “…Penolong yang lain, supaya Ia menyertai kamu selama-lamanya. …tetapi Penghibur, yaitu Roh Kudus, … Dialah yang akan mengajarkan segala sesuatu kepadamu dan akan mengingatkan kamu akan semua yang telah Kukatakan kepadamu. … Tetapi apabila Ia datang, yaitu Roh Kebenaran, Ia akan memimpin kamu ke dalam seluruh kebenaran …” (Yohanes 14:16, 26; 16:13).
• Bangsa Israel menyeberangi Laut Teberau (Keluaran 14:21-22) yang menggambarkan babtisan air. “Untuk menjadi pengikut Musa mereka semua telah dibabtis dalam awan dan dalam laut.” (1 Korintus 10:2). Babtisan air menjadi pernyataan bagi orang Kristen bahwa mereka adalah pengikut Kristus.
• Ada nyanyian dan tarian sebagai ucapan syukur dan puji-pujian bagi Tuhan yang telah menyelamatkan mereka (Keluaran 15:1-21). Demikian juga seharusnya orang-orang Kristen yang telah dibebaskan, seharusnya memuji den mengucap syukur kepada Tuhan. “…, tetapi hendaklah kamu penuh dengan roh, dan berkata-katalah seorang kepada yang lain dalam Mazmur, kidung puji2an dan nyanyian rohani. Bernyanyi dan bersoraklah bagi Tuhan dengan segenap hati. Ucaplah syukur senantiasa atas segala sesuatu dalam nama Tuhan kita Yesus Kristus kepada Allah dan Bapa kita.” (Efesus 5:18-20).
• Orang Israel mulai melihat keajaiban tangan Tuhan di dalam menuntun mereka, yaitu dengan menjadikan air di Mara yang pahit menjadi manis (Keluaran 15:22-27) dan mereka makan daging burung puyuh (Keluaran 16:13). Tuhan ingin menyenangkan hati kita dengan memberikan apa yang kita inginkan, bahkan sesuatu yang tidak pernah kita bayangkan. “Tetapi seperti ada tertulis: Apa yang tidak pernah dilihat oleh mata, dan tidak pernah didengar oleh telinga, dan yang tidak pernah timbul di dalam hati manusia: semua yang disediakan Allah untuk mereka yang mengasihi Dia.” (1 Korintus 2:9). Yesus berkata, “Sampai sekarang kamu belum meminta sesuatu pun dalam namaKu. Mintalah maka kamu akan menerima, supaya penuhlah sukacitamu.” (Yohanes 16:24).
• Orang Israel makan manna yang turun dari langit (Keluaran 16:4, 13-15). Manna dari langit melambangkan Yesus sendiri. “Nenek moyangmu telah makan manna di padang gurun dan mereka telah mati. Inilah roti yang turun dari sorga: Barangsiapa makan daripadanya, ia tidak akan mati. Akulah roti hidup yang telah turun dari sorga. Jikalau seorang makan dari roti ini, ia akan hidup selama-lamanya, dan roti yang Kuberikan itu ialah dagingKu, yang akan Kuberikan untuk hidup dunia.” (Yohanes 6:49-51).
• Orang Israel minum air yang keluar dari gunung batu (Keluaran 17:6), hal ini melambangkan orang-orang Kristen yang minum dari batu karang yang satu, yaitu Yesus Kristus. “Mereka semua makan makanan rohani yang sama dan mereka semua minum minuman rohani yang sama, sebab mereka minum dari batu karang rohani yang mengikuti mereka, dan batu karang itu ialah Kristus.” (1 Korintus 10:3-4).
• Di dalam proses pemisahan itu yang menuju ke tanah Kanaan, orang Israel mendapatkan Kesepuluh Firman, peraturan-peraturan ibadah dan social, yang pada intinya semua itu bermuara kepada kasihilah Tuhan dan sesama. “Guru, hokum manakah yang terutama dalam hokum taurat?” jawab Yesus kepadanya: “Kasihilah Tuhan, Allahmu, dengan segenap hatimu dan dengan segenap jiwamu dan dengan segenap akal budimu. Itulah hukum yang terutama dan yang pertama. Dan hokum yang kedua, yang sama dengan itu, ialah: Kasihilah sesamamu manusia seperti dirimu sendiri. Pada kedua hokum inilah tergantung seluruh hokum Taurat dan kitab para nabi.” (Matius 22:36-40).

KISAH KELUARNYA BANGSA ISRAEL DARI MESIR KE KANAAN 2

Diselamatkan
Di dalam penindasan yang begitu berat, orang-orang Israel kemudian berteriak kepada Tuhan, bahkan dikatakan mereka mengerang, agar Tuhan melepaskan mereka dari penderitaan itu (Keluaran 2:23-24). Namun sekalipun penderitaan itu pahit dan berat, ada juga orang-orang yang tidak mau dilepaskan dari penderitaan itu. Hal ini dapat kita lihat dari gerutu orang-orang Israel kepada Musa ketika mereka dibawa keluar Mesir, “Apakah karena tidak ada kuburan di Mesir, maka engkau membawa kami untuk mati di padang gurun ini? Apakah yang kau perbuat ini terhadap kami dengan membawa kami keluar dari Mesir? Bukan-kah ini telah kami katakana kepadamu di Mesir: Janganlah mengganggu kami dan Bi-arlah kami bekerja pada orang Mesir. Sebab lebih baik bagi kami untuk bekerja pada orang Mesir daripada mati di padang gurun ini.” (Keluaran 14:11-12). Banyak orang yang masih menyukai kehidupan yang diperbudak oleh dosa atau sesuatu yang lain. Yesus mengomentari hal ini secara tegas, “Dan inilah hukuman itu: Terang telah dating ke dalam dunia, tetapi manusia lebih menyukai kegelapan daripada terang, sebab perbuatan-perbuatan mereka jahat.” (Yohanes 3:19).
Tuhan mendengar jerit teriak minta tolong dari bangsa Israel, lalu Tuhan mengutus Musa untuk membebaskan mereka dengan membawa mereka keluar dari tanah Mesir. “Aku telah memperhatikan dengan sungguh kesengsaraan umatKu di tanah Mesir, dan Aku telah mendengar seruan mereka yang disebabkan oleh pengerah2 mereka, ya, Aku mengetahui penderitaan mereka. Sebab itu Aku telah turun untuk melepaskan mereka dari tangan orang Mesir dan menuntun mereka keluar dari negeri itu ke suatu negeri yang baik dan luas, suatu negeri yang berlimpah-limpah susu dan madunya, ke tempat orang Kanaan, orang Het, orang Amori, orang Feris, orang Hewi dan orang Yebus. Sekarang seruan orang Israel telah sampai kepadaKu; juga telah Kulihat, betapa kerasnya orang Mesir menindas mereka. Jadi sekatrang, pergilah, Aku mengutus engkau kepada Firaun untuk membawa umatKu, orang Israel, keluar dari Mesir.” (Kel 3:7-10).
Untuk membebaskan orang Israel dari penindasan Firaun ternyata tidak semudah membalikkan telapak tangan. Firaun tidak mau mengizinkan bangsa Israel pergi, sekalipun hanya cuti selama 3 hari untuk melakukan ibadah kepada Allah mereka (Kel 5:3). Firaun ingin agar orang-orang Israel tidak meninggalkan sedetikpun pekerjaan mereka, oleh karena itu pekerjaan mereka diperberat, “Pekerjaan orang2 ini harus diperberat, sehingga mereka terikat kepada pekerjaannya dan jangan mempedulikan perkataan dusta.” (Keluaran 5:9).