POSTING

Jika ingin memberi komentar blog ini mohon kirimkan naskah/ komentar ke

Selasa, 20 April 2010

BABAD SAKA KITAB SUCI

TUMITAHING ALAM DONYA

Wayah raina ing jero sentong terkadang katon sumrowong padang. Yen daktamatake te¬menan banjur katon ana ble¬dug cilik-cilik uleng-ulengan pating karelip pirang-pirang.
Aku kabeh pada manggon ana ing bumi. Bumi iki gede banget. Nanging ana ing alam gumelar iki, Iintang-lintang, srengenge, rem¬bulan Ian bumi kaanane cilik banget. Pada kaya bledug ing sentong mau. Kabeh pada uleng-ulengan, mubeng manut dalane dewe-dewe. Yen mengkono iba cilike awakku iki! Gede bleduge karo wong. Dudu amput-¬ampute manusa yen kabanding karo bumi, langit saisine.
Mangka ana Siji kang adedampar ing ngaluhur, yaiku Gusti Allah. Panjenengane ing nguni ana, saiki ana, Ian bakal tetep anane ing salawas-lawase. Gusti Allah kang nitahake bumi-langit saisine kabeh. Mulane samubarang dadi kagungane. Enggone nitah¬ake tanpa bebakal. Yen mengkono iba gedene kamulyane; Pangeran! Kaluhurane tanpa tan¬ding!
ING kala purwa Gusti Allah nitahake langit Ian bumi. Kelakone iku saprene wis suwe banget, embuh pirang ewu taun. Lan duma¬dine jagad iki ora dadakan. Ora teka ban¬jur sakal ana bumi sawonge. Ora sanalika ana kewan sarupaning kewan. Ora ujug¬ujug ana kekembangan Ian tetukulan kang edi-peni ngresepake. Nanging Gusti Allah enggone nyabdakake alam gumelar kang endah iki klawan sumene.
Disike kaanane alam donya iki isih wor-suh, peteng lelimengan. Wujude mung banyu lan Iemah uled-uledan. Sarta Rohe Allah njang¬kung iku mau kabeh. Gusti Allah priksa tibaning titimangsa. Ora kesamaran bab apa kang bakal katindakake.
Tumuli ana sabdane Pangeran mengkene: „Anaa pepadang!" Lan ija ana padang. Kang maune peteng lelimengan, saiki banjur katon padang sumeblak, Iku pancen nggumunake. Sakarsane Gusti Allah mesti dadi. Gusti Allah karenan mriksa padang mau sarta dianggep prayoga. Karsane, ing alam donya, padang lan peteng mau supaya tansah bisaa gilir-gumanti. Sing padang diarani raina lan sing peteng: wengi. Mengkono wis dadi sore Ian wis dadi esuk,
dina kang kapisan.
Sawise iku Gusti Allah banjur nitahake pente’nganing langit. Kelakon uwabing banyu kang uled-uledan ana ngisor, tumuli mumbul angenguwung ngebeki langit. Uwab bakale bisa dadi mega, mega dadi mendung, mendung dadi udan. Dadine ceta yen saiki ana banyu ing duwur Ian ana banju ing ngisor.
Gusti Allah mestani pente’ngan mau: langit. Mengkono wis dadi sore Ian wis dadi esuk, dina kang kapindo.
Gusti Allah banjur ngandika: „Banyu kang ana sangisore langit pada nglumpuka ing panggonan sidji, supaja katona kang asat." Mangka ija banjur kelakon mengkono. Kaya-kaya sakehing banyu banjur larud nglumpuk dadi sapanggonan, diapit-apit ing daratan. Kaya mengkono wiwitane ana segara kang mumpal-mumpal kekeburan nggegirisi, pisah karo daratan.
Dene ing daratan sing lagi bae pada mencu¬ngul mau, banjur katon ana kekayon sing gede-gede; mawarna-warna tetukulan kang lagi amrok kembange; akeh kekembangan kang mbabar ganda arum Ian sarupaning sesuketan kang pada tukul. Kabeh mujudake sesawangan kang edi-peni sarta ngresepake. Mengkono Gusti Allah ningali kabeh mau sarta tinemu proyoga. Wusana banjur dadi sore lan dadi esuk, dina kang kaping telu.
Kejaba iku Gusti Allah uga nitahake srengenge, rembulan Ian lintang-lintang. Pe¬padang sumeblak kang maune durung ana gatrane apa-apa, kaya-kaya banjur nglumpuk, nggeleng maujud kaya bal kang putih menco¬rong. Yaiku sing pada dakarani srengenge, kang ngwasani raina, nggawa panas Ian padang sarta nguripi sakehing dumadi.
Dene sing ngwasani wayah bengi iku rem¬bulan. Ing wayah bengi, kabeh pada turu, ora ana sabawa kumlisik. Mung rembulan sing isih melek, njaga kaslametan Ian katentre¬maning jagad raya.
Kejaba rembulan, ing wayah bengi, ing langit uga katon lintang-Iintang sing maewu¬ewu kehe, pating karelip, pating glebyar, pinda sesotya adi, rinakit ing bludru ireng. Gusti Allah ningali iku mau kabeh yen wus prayoga.
Sabanjure ing alam donya ana rina Ian wengi gilir-gumanti, lan uga ana gumantining dina Ian sasi, sasi dadi taun, taun dadi windu, miturut pepetungan kang mesti. Mengkono wis dadi sore lan wis dadi esuk, dina kang kaping papat.
Gusti Allah banjur ngandika: ,Anaa iwak ing banyu Ian manuk ing awang-awang. ,Iya tumuli kelakon kaya mengkono. Tanpa wila¬ngan kehe iwak gede cilik ing segara Ian ing kali-kali. Kabeh pada seneng-seneng Ielum¬ban; pada pating kliwer, pating kecopek, pating kecuwuk.
Ing wit-witan sarta ing pasuketan akeh manuk sawernaning manuk. Sedela lincak¬-lincak ing pasuketan, sedela maneh pada akekablak, ngigel, muluk ndedel ing ngawiyat kambi ngumbar swara pating caruwet, kaya-¬kaya ngulukake swara pangidung sumaos marang Kang Murbeng Urip.
Gusti Allah ningali kabeh iku jen wus prayoga. Sakabehing tumitah gede cilik ban¬jur pada diberkahi. Burni kang loh-jinawi diparingake, supaya pada dienggoni. Mengkono wis dadi sore Ian wis dadi esuk, dina kang kaping lima.
Sawuse iku Gusti Allah banjur nitahake kewan ingon-ingon, kewan umbaran, kewan rumangkang lan kewan gumremet. Ing bumi kang anyar iku, ing saenggon-enggon, ing jurang-jurang, ing gunung-gunung, ing sa¬cedaking segara,Ian ing ara-ara samun, akeh kewan kang pada pating bilulung. Bumi oreg samasa sinasak ing kewan kang gede¬gede, sarta bangsaning wangwung, katimumul Ian sapanunggalane pada nggremet mrambat ing pasuketan.
Lah saiki sarnubarang wis rampung. Mung siji sing durung ana. Sapa sing bakal ngereh Ian mranata sakabehing kaanan sing edi-peni mau? Sapa sing bakal ngatur kabeh kang kumelip mau?
Gusti Allah bandjur ngandika:,,Mara Ingsun akarya manusa kang tinulad ing citraningsun Ian ing pasemoningsun."
Lah iya manusa kuwi pada-pada titah kang mulya dewe. Lakune bakal ndengengek dje¬djeg. Pada-pada titah ora ana sing bisa mapaki bregase.
Gusti Allah banjur mundut lebune bumi, didapur kaya manusa, sarta elenging irunge disebuli ambekaning urip. Sanalika iya kelakon dadi manusa urip, kang kapanduman ing Rohe Allah.
Dadine Gusti Allah enggone nitahake ma¬nusa kadadean saka lebu lan roh. Kawadagane nelakake yen dumadine manusa saka bumi, Ian kaalusane tansah ngelingake marang Gusti Allah.
Kewan uripe kebawah ing bumi jalaran mung tumitah nganggo badan wadag. Gusti Allah mberkahi manusa sarta masra¬hake bumi kang edi-peni iki marang manusa.
Gusti Allah ningali sakehing yeyasane, mang¬ka iya wus tinemu prayoga banget. Lah wis dadi sore Ian ija wis dadi esuk, dino kang kaping nem.
Ing dina kang kapitune Gusti Allah kendel enggone karya samubarang kabeh. Dina iku banjur diberkahi Ian disucekake. Ing sabanjure dina kapitu, iku dina palere¬man kanggo salumahing bumi. Dina iku sinengker mligi kagem Gusti Allah.
Bumi kang pada dak enggoni iki gede banget. Luwih dening gede maneh, iya iku alam gumelar iki saisine. Yen mengkono iba cilike manusa kang manggon ana ing bumi iki.
Aku kowe, manusa kabeh kerep pada mikir-¬mikir bab yeyasane Gusti Allah kang elok Ian nggumunake iku. Keplasing pikiranku sok adoh banget Ian nglangut, nanging meksa ora keconggah, ora tekan, ora gaduk.
Mulane bisaku ora liya maneh, kejaba mung sumungkem ngalembana marang pangwasane Ian kawicaksanane Pangeran. Wajibku mung nyawang klawan kasengsem marang yeyasaning Pangeran Ian .... saos sokur.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar